Ungaran Timur||Jejakkontruksi.com, Miturut penanggalan Jawa, Tanggal Siji Suro 1959 Jawa kang sinambung kaliyan Tahun Baru Islam 1 Muharram 1447 H, bakal tumibo wonten ing Dino Kemis Malem Jemuwah Kliwon, tanggal 26 Juni 2025.
Wanci punika dianggep minangka sak langkah wiwitan mlebeting tahun anyar Jawa, kang kebak paugeran spiritual lan budaya luhur.
Kang Adi, tokoh media Jawa Tengah dan spiritual saking Leyangan, Ungaran Timur, nyariosaken bilih Siji Suro punika dudu sakadar pergantian tanggal, nanging momen panglimbang batin, ngresiki diri, lan nyawiji karo rasa sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.
“Siji Suro punika wayah kang pantes kangge sesuci jiwa, tapa, lan ndedonga. Malem Jemuwah Kliwon ndadekake energi luwih kuat tumrap sambung roso marang leluhur lan alam,” pangandikanipun Kang Adi.
Ing masyarakat Jawa, Siji Suro asring dipunperingati kanthi tirakatan, wilujengan, mubeng beteng, lan tapa bisu. Tradisi punika minangka wujud pangeling-eling bilih gesang punika mung mampir ngombe, nanging kabecikan lan eling dhateng Pangeran dados bekal utama.
“Masarakat Leyangan lan sabuk Ungaran liya, nglumpukaken niat lan ngaturaken sesrawungan kanggo nguri-uri kabudayan leluhur. Siji Suro punika sak langkah, nanging maknane jero: langkah anyar kang tumuju urip luwih becik lan sarwa eling
[Penulis ; Witriyani]
