Ungaran Timur||Jejakkontruksi.com, Ronda Malem Siji Suro neng poskamling Leyangan RT 03, ora mung kanggo njaga kampung, nanging uga dadi ajang ngumpul bareng, lek-lekan, lan… ngguyu bareng.
Mbah Bejo lan Mbah Adi, loro-lorone tokoh sepuh kampung sing wis kondhang kanthi banyolan legendaris, malam kuwi crita-crita kocak sing diarani “tong tong crit”.
“Jamane isih cilik, aku tau numpak sepeda pit nabrak wedhus nganti wedhuse ambruk, aku yo ambruk, tapi pitku sing paling parah… rodane ilang loro!” ujare Mbah Bejo, karo gaya serius tapi ngagetke akhirane, nggawe kabeh sing ronda meledak ngguyu.
“Mbah Adi ora gelem kalah. “Lha aku luwih parah, biyen tau nggoleki kelinci tetangga nganti sak kampung geger… jebul kelincine mlebu kolong dipan, ora ilang blas,” critane karo ekspresi polos, disambung ketawa tipis.
Warga seng ngancani ronda saka sing enom nganti sing wis sepuh pada gumuyu bareng, sambil ngombe kopi lan ngrayah kacang goreng. Sakwise tong-tong crit, ditutup karo donga bareng mugi-mugi kampung tansah tentrem lan rahayu.
“Ronda kuwi penting, nanging ngguyu bareng kui luwih nyawiji,” ujare Mbah Bejo karo senyum.(..)
Penulis : Witriyani
