Laporan:Kang Adi
Demak||Jejakkontruksi.com, Polres Demak nglaksanani acara pengajian, pembinaan rohani lan mental, sarta doa bebarengan ing Masjid Uswatun Hasanah, Mapolres Demak, dina Kemis (26/6/2025).
Kegiatan punika kaleksanan anggenipun nyambut Tahun Enggal Islam 1447 Hijriyah, dados wekdal kang pinilih kangge refleksi, introspeksi, lan pangiyat kawigaten kagem ngwujudaken Polri kang langkung profesional, integritas, lan tansah jejeg ngladosi masyarakat.
Acara punika dipun rawuhi dening para pejabat utama lan sedaya anggota Polres Demak. Makna spiritual ing acara punika kagem ngiyataken iman lan taqwa sadaya jajaran.
Kapolres Demak, AKBP Ari Cahya Nugraha, lumantar Kasubsi Penmas AIPTU Munthohar ngendika, “Penguatan batin punika wigati sanget, awit tugas Polri punika mboten namung nglindhungi nanging ugi ngladosi lan ngayomi masyarakat kanthi ati ikhlas.”
Panjenenganipun ugi nambahaken, “Kegiatan punika boten namung minangka seremoni agami, nanging dados wekdal kanggo mriksa manah, murnikaken niat, lan nyawiji sesarengan anggenipun ngluhuraken Polri Presisi.”
Tausiyah dipun aturaken dening Ustadz Ali Rohmad saking Karangtengah, ingkang maringi pitedah supados para anggota Polri tansah eling lan bersyukur dhumateng Gusti Allah SWT.
“Tugasipun Polri punika tugas ingkang mulya. Mugi para anggota tansah bersyukur, ngiyataken iman lan taqwa, supados sedaya tugas saged kalampahan kanthi lancar lan pinaringan berkah,” pangandikanipun.(..)
